Kesenian Jathilan
Jathilan yoiku tarian sing nggunakake alat jaran kepang. Penarine biasane nari kanthi lincah. Ing kesenian jathilan ditampilke atraksi sing medeni, contone mangan pecahan kaca, mbukak kambil nganggo untu, tahan ditembus barang tajem kayata golok.
Kesenian jathilan terkenal karo hal- hal sing mistis. Sakdurunge tampil penarine kudu ritual dhisik. Penonton ngira yen penari iso nari kanthi lincah lan iso mangan pecahan kaca, disebabke tekno ritual. Penari dileboni roh, dadi para penari dadi ora sadar pas nari. Kesenian jathilan diiringi gamelan jawa .
Asal-usul JathilanTarian jathilan nyritakke tentang prajurit sing nganggo jaran lan tarian jathilan dilekasi ing jaman Pangeran Diponegara. Tarian jathilan nyritakke dukungan para rakyat jelata karo Pangeran Diponegara pas perang karo londo.
Tarian jathilan ora nganggo koreografi khusus. Nanging para penarine iso nari kanthi kompak. Para penari iso nari kanthi bebas ngikuti irama gamelan. Nangging kerep dikaetke karo hal-hal sing magis lan mesthi nampilke hal sing ekstrim, nangging intine tarian jathilan menehi pesen sing apik, biasane isine imbauan marang manungsa supaya tumindak apik laneling marang sing ngawe urip.
Kelincahan tari jathilan symbol semangat para pejuang mbiyen, lan atraksi ekstrime yoiku symbol kekuatan para nenek moyang mbiyen. Ora ming semangat sing diperlokake nganggo nglawan penjajah, ananging kekuatan ya diperlokake.
Tarian jathilan iki biasane ditarekake karo wong papat tekan enem wong penari lanang sing nunggangi jaran kepang sing digawe nganggo anyaman pring. Para penari nari kanthi lincah. Tarian jathilan ana papat adegan, yoiku tarian buto lawas ping loro, tari senterewe, lan taribegon putri. Jathilan yoiku kesenian seka budaya Indonesia sing kudu dilestarekake.