Lagu Jowo


YEN ING TAWANG ANA LINTANG

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa, Nimas
Sun takokke pawartamu
                Janji-janji aku eling, cah ayu
Sumedhot rasaning ati
Binarung swaraning ratri, Nimas
Ngenteni bulan ndadari
Dek semana janjimu disekseni
Mega kartika kairing rasa tresna asih
                Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
Rungokna tangising ati
Lintang-lintang ngiwi-iwi, Nimas
Tresnaku sundhulm wiyati