Minggu, 12 Desember 2010
Senin, 29 November 2010
LAGU
Wuyung
Laraning lara
Ora kaya wong kang nandhang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan neng ngomah bingung
Mung kudu weruh
Woting ati, dhuh kusuma ayu
Apa ra trenyuh
Delengen iki awaku sing kuru
Reff: Klapa mudha leganana
Nggonku nandhang branta
Witing pari dimen meri
Nggonku lara ati
Adhuh nyawa....
Dhuh-dhuh kusuma
Ora krasa apa pancen tega
Mbok balung janur
Paring usada wong kang nandhang wuyung.
Laraning lara
Ora kaya wong kang nandhang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan neng ngomah bingung
Mung kudu weruh
Woting ati, dhuh kusuma ayu
Apa ra trenyuh
Delengen iki awaku sing kuru
Reff: Klapa mudha leganana
Nggonku nandhang branta
Witing pari dimen meri
Nggonku lara ati
Adhuh nyawa....
Dhuh-dhuh kusuma
Ora krasa apa pancen tega
Mbok balung janur
Paring usada wong kang nandhang wuyung.
WANGSALAN
1. Janur gunung: kadingaren
2. Jenang gula : lali
3. balung klapa: ethok-ethok
4. Kembang jambu : kemaruk
5. Sekar aren : dangu-dangu
6. Roning mlinjo : ngaso
7. Witing klapa : salugu
8. Rokok cendhak : neges-neges
2. Jenang gula : lali
3. balung klapa: ethok-ethok
4. Kembang jambu : kemaruk
5. Sekar aren : dangu-dangu
6. Roning mlinjo : ngaso
7. Witing klapa : salugu
8. Rokok cendhak : neges-neges
CANGKRIMAN
• Pak boletus : Tepak kebo lelene satus
• Burnas kopen : Bubur panas kokopen
• Pitik walik saba kebon : nanas
• Wis gedhe kok ngguyu tuwa : nangis
• Embokne dielus-elus, anake diidak-idak : anda
• Lawa lima, kalong telu piro? : Dadi wolu
• Ing dhuwur wayangan ing ngisor jedhoran : Wong ngunduh krambil

GUGON TUHON
1.Aja kurep ajeg
Sawise madang, aja banjur ajange dikurebake. Becike isahana dhisik.
2.Aja mangan ing paturon
Amarga iso ngregedi paturon, kejaba yen nalika lara.
3.Aja mangan mlaku
Amarga mangan karo mlaku mesthine ora becik tumrap kasarasan. Tur murang tata.
4.Aja payungan ing jero ngomah
Amarga saru, mundak diarani wong edan.
5.Aja nyapu dalu
Lumrahe wong nyapu ndalu ora bisa resik, tur bleduge bisa ngregedi barang- barang liyane.
6.Aja mangan panas
Amarga mangan panas-panas cetha bakal mbebayani tumrap kasarasan.
7.Aja njangkar wong tua
Ngundang wong tua sarana nyebutake jenenge thok (jangkar), cetha murang tata.
8.Ora ilok wanita lungguh jegang
Amarga saru banget dideleng.

Langganan:
Komentar (Atom)