Senin, 29 November 2010

GUGON TUHON

1.Aja kurep ajeg
Sawise madang, aja banjur ajange dikurebake. Becike isahana dhisik.
2.Aja mangan ing paturon
Amarga iso ngregedi paturon, kejaba yen nalika lara.
3.Aja mangan mlaku
Amarga mangan karo mlaku mesthine ora becik tumrap kasarasan. Tur murang tata.
4.Aja payungan ing jero ngomah
Amarga saru, mundak diarani wong edan.
5.Aja nyapu dalu
Lumrahe wong nyapu ndalu ora bisa resik, tur bleduge bisa ngregedi barang- barang liyane.
6.Aja mangan panas
Amarga mangan panas-panas cetha bakal mbebayani tumrap kasarasan.
7.Aja njangkar wong tua
Ngundang wong tua sarana nyebutake jenenge thok (jangkar), cetha murang tata.
8.Ora ilok wanita lungguh jegang
Amarga saru banget dideleng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar