Senin, 29 November 2010

PARIBASAN

•Ancik-ancik pucuking eri
Tansa kuwatir
•Kebo mulih menyang kandhange
Wong lunga utawi barang ilang sing bali maneh menyang asale
•Kleyang kabur kanginan
Wong urip sing kalunta-lunta
•Jer basuki mawabeya
Kabeh gegayuhan mbutuhake wragad
•Gupak pulut ora mangan nangkane
Melu rekasane, nanging ora melu kepenake
•Durung ilang pupuk lempuyange
Dipadhakake bocah cilik, dhurung dianggep dewasa.
•Desa mawa cara , Negara mawa tata
Saben panggonan duwe cara dhewe-dewe
•Cebol nggayuh lintang
Duwe kekarepan sing mokal bisane kelakon
•Bathok bolu isi madu
Wong asor nanging sugeh kepinteran
•Adigang, adigung, adiguna
Ngandalake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar