Minggu, 28 November 2010

Tembang-Tembang Mocopat

Esem

Wiwitana arinira kanthi esem
Istingarah bakal karya reseping urip
    Aja dumeh mung wujuding esem
    Sejatine esem iku mutiaraning jiwa
    Maduning rasa
Kalamun arinya kawiwitan kanthi esem
Bisa ambabar asrining rasa
Ngasrepi rasaning sasama
    Ananging...
    Osak- asiken isining esemira
    Rasanira rinasa asin apa asem
Esem kang asin satuhu mirasa
Minangka pangejawantahing asih trisna
Dene esem kang rinasa asem
Iku esemnya wong sugih usil
Rinasa eseng, nuwuhake usreg
    Asahana esemkang asem
    Tur datan mirasa isenana kanthi asah, asih lan asuh
    Ari tanpa esem
    Dak upamekna olah- olahan tanpa uyah
Mula...
Wiwitana uripira kanthi esem

1 komentar:

  1. 8 Best casino games to play on mobile and iOS today - Dr.
    This guide will help you choose which casinos to play on mobile 평택 출장마사지 and 여수 출장마사지 iOS 거제 출장안마 today. Learn about 광양 출장샵 casino games, and find the best bonuses for 안동 출장안마 Android

    BalasHapus