Minggu, 28 November 2010

Tembang-Tembang Mocopat

Macapat

Nadyan sepuh
Haywa kongsi mung ngalamun
Ketang gliyak-gliyak
Sung tuladha ing sesami
Ugi paring sasuluh mring putra wayah

Nadyan sepuh
Waton raga isih pangkuh
Tetepa makarya
Lumuh nganggur nora becik
Mangertia wong nganggur balane setan

Simbah kakung
Nadyan wus winastan pikun
Wus jamak lumrahnya
Wruh wong ayu njur mbingungi
Datan emut yen tumandang wis ra pakra

Mbah putriku
Emoh lumuh yen dinulu
Ngagem clana panjang
Tutuknya dipun ginconi
Yen nang ndalan malah ngaku isih prawan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar